Basa Jawa kuwe kegolong basa Austronesia, utawa basa-basa sing dienggo sekabehe bangsa Pribumi nang kapulowan sakidul-wetaning benua Asia. Basa Jawa kasebar molai pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi. Seliyane kuwe, Basa kiye kasebar nang Walanda, Suriname, Curacao karo nang Kaledonia Baru. Seliyane kuwe Basa Jawa uga dituturaken nang Malaysia, Sumatera ngantek Irian Jaya.
Basa Jawa dadi kontributor paling gedhe kanggo pengembangan Basa Indonesia. Sanajan dudu basa resmi nang pemerentahan, Basa Jawa kuwe duwe pengaruh ketimbang basa-basa liyane kayata nang kosakata karo istilah-istilah sing niasane cokan nganggo istilah Jawa.
Sumber :http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Basa_Jawa